Nasibku Dadhi Wit
awakku dadi
pangeyop-eyop jagad iki
Kanthi godong
lan awakku garing
Entek dipangan panasing sengrenge
Ing musim udan
awakku kanggo nyegah banjir
Banyu-banyu tak ombe
Ora gatekke resik apa reget
Sehat apa ora
Nangi
nelangsa men uripku
Para
manungsa ngilangi nyawaku
Nyawa para
kanca-kancaku
Ora gatekke
gedhe lan cilik e awakku
Aku iki ya duweni nyawa
Aku iki ya duweni gun
Aku dedonga
supaya para manungsa
ora padha
jenang gula
Ora padha lali
Lali karo
apa sing uis tak lakoni
Kanggo
panguripan jagad iki
analisis
1. Judul :
Nasibku Dadhi Wit
2.
Tema :
Kagunaan wit
3. Gaya
bahasa:
Entek
dipangan panasing sengrenge (majas personifiksi)
Banyu-banyu tak ombe (majas
personifiksi)
4. Purwakanthi
:
Nangi nelangsa men uripku
Para manungsa ngilangi nyawaku
Nyawa para kanca-kancaku
Ora gatekke gedhe lan cilik e awakku
(Kata “ku” ing duwur purwakanthi suwara )
Aku iki ya duweni nyawa
Aku iki ya duweni guna
(kata “a” ing duwur purwakanthi suwara
)
Para manungsa ngilangi nyawaku
Nyawa para kanca-kancaku
(pangulangan kata “nyawa” ing duwur
purwakanthi basa)
Ora padha lali
Lali karo apa sing uis tak lakoni
(pangunaan kata "lali" ing duwur purwokanthi basa )
5. Wangsalan
:
Ora pada jenang gula
Ora pada lali
( wandha ing duwur wangsalan, jenang
gula =glali =lali)
jika ada yang kuarang tepat mohon kritik dan saran nya ..........