lululu


Senin, 12 Oktober 2015

geguritan

          Nasibku Dadhi Wit

Ing musim panas
awakku dadi pangeyop-eyop jagad iki
Kanthi godong lan awakku garing
Entek dipangan panasing sengrenge

           Ing musim udan
           awakku kanggo nyegah banjir
           Banyu-banyu tak ombe
           Ora gatekke resik apa reget
           Sehat apa ora

Nangi nelangsa men uripku
Para manungsa ngilangi nyawaku
Nyawa para kanca-kancaku
Ora gatekke gedhe lan cilik e awakku

          Aku iki ya duweni nyawa
          Aku iki ya duweni gun

Aku dedonga supaya para manungsa
 ora padha jenang gula
Ora padha lali
Lali karo apa sing uis tak lakoni
Kanggo panguripan jagad iki



analisis 
1.     Judul :
       Nasibku Dadhi Wit
2.    Tema :
          Kagunaan wit
3.  Gaya bahasa:

Entek dipangan panasing sengrenge (majas personifiksi)
          Banyu-banyu tak ombe (majas personifiksi)
4.  Purwakanthi :
          Nangi nelangsa men uripku
          Para manungsa ngilangi nyawaku
          Nyawa para kanca-kancaku
         Ora gatekke gedhe lan cilik e awakku
         (Kata “ku” ing duwur purwakanthi suwara )

         Aku iki ya duweni nyawa
         Aku iki ya duweni guna
         (kata “a” ing duwur purwakanthi suwara )

         Para manungsa ngilangi nyawaku
         Nyawa para kanca-kancaku
         (pangulangan kata “nyawa” ing duwur purwakanthi basa)

Ora padha lali
Lali karo apa sing uis tak lakoni
 (pangunaan kata "lali" ing duwur purwokanthi  basa )

5.  Wangsalan :
           Ora pada jenang gula
           Ora pada lali
           ( wandha ing duwur wangsalan, jenang gula =glali =lali)








jika ada yang kuarang tepat mohon kritik dan saran nya ..........











2 komentar:

  1. Niat banget Sit buat geguritannya. Punyaku pendek dan ngawur. Bahasanya gak jelas lagi -_- Bingung aku.
    BTW, Yee! kamu update blog! sering sering ya Sit, sepi nih ToT

    BalasHapus
  2. Yeee, Siti juga nge-post! Ayo, nge-post terus, biar rame :D Biasanya cuma aku sama Mahsheed T.T

    BalasHapus